Pondok » , , » Serat Usul Suluk Sunan Bonang Bag. (1)

Serat Usul Suluk Sunan Bonang Bag. (1)

Sunan Bonang
Gb. Naskah Serat Suluk Sunan Bonang

SERAT USUL SULUK
KITAB PANGERAN BONANG
(MS. Or. 1928)
Deskripsi, alih Aksara

Alih Aksara
AHMAD SYARIFUDIN

PENDAHULUAN

Kita patut bersyukur bahwa negara Indonesia selain kaya akan beragam sumber daya alamnya yang melimpah, juga kaya dengan beragam adat budaya dan kearifan yang merupakan pusaka dari leluhur kita, untuk kemudian dapat dimanfaatkan dan dilestarikan oleh generasi penerus bangsa sebagai sumber peradaban dan ilmu pengetahuan. Dari Sabang sampai Merauke, berjajar kearifan-kearifan yang terekam dalam berbagai prasasti dan naskah-naskah kuna, baik melalui media batu, lontar atau rontal maupun kertas daluwang yang merupakan produk buatan asli orang Nusantara pada zaman dahulu.

Sebagian diantara kita mungkin kurang mengetahui dan kurang menyadari kalau Indonesia dulu merupakan gudangnya naskah-naskah kuna. Namun sebagai akibat dari bangsa yang dulu pernah terjajah, maka banyak pusaka leluhur kita yang jatuh atau pindah ke tangan penjajah. Perpindahan kepemilikan naskah-naskah ini melalui berbagai macam cara, ada yang melalui jual beli, ada pula yang melalui perampasan secara paksa seperti yang terjadi di keraton Yogyakarta dalam peristiwa Geger Sepehi di waktu pagi buta pada tahun 1812 silam.

Diantara sekian banyak naskah Nusantara yang tersimpan di luar negeri dan diperkirakan berjumlah ratusan ribu itu salah satunya adalah sebuah naskah suluk berbahasa dan beraksara Jawa karya Sunan Bonang, salah seorang anggota Walisanga penyebar agama Islam di tanah Jawa.

Naskah ini (selanjutnya disebut Serat Usul Suluk) ditemukan oleh armada Belanda yang pertama kali berlayar sampai ke kepulauan kita ini dalam persinggahannya yang agak lama di daerah Sedayu, Tuban pada tahun 1597 M. Naskah tersebut kemudian dibawa pulang ke negeri Belanda dan dipelihara secara baik-baik, sehingga akhirnya berada di bawah pemeliharaan Leidsche Universiteitsbibliotheek sejak Oktober 1597, ditempatkan dibawah katalogus no. XVII Kal. Octob. 1599.

Menurut para ahli, di antara wejangan/ajaran Walisanga di masa lampau, hanya ajaran Sunan Bonang yang sampai sekarang dapat diketahui secara lebih konsisten dan sahih. Sementara ajaran dan wejangan para wali yang lain masih belum tersingkap.

Meski hanya wejangan Sunan Bonang saja yang telah jelas dan tegas dapat diketahui kesahihannya, kaum Muslim di Nusantara tetap merasa beruntung dan bersyukur sebab Sunan Bonang paling representatif mewakili ajaran Walisanga yang lain.

Naskah Serat Usul Suluk ditulis dalam bentuk dialog antara seorang guru dengan muridnya, yakni Syekh al-Bari bersama muridnya. Secara umum naskah ini berisi pokok-pokok agama (ushuluddin) dan pedoman bagi orang yang akan atau sedang menempuh jalan menuju makrifat (suluk).

Pada bagian awal naskah, penulis mengatakan bahwa ajaran yang disampaikan yakni ajaran Usul Suluk itu bersumber dari kitab Ihya 'ulumuddin (tertulis Ahya) karya Imam Ghazali dan kitab Tamhid karya Syekh Abdus Syakur as-Salimi. Dilengkapi pula dengan pepenget (tanbih) sebagai wasiat kepada murid-muridnya agar senantiasa berbuat saleh, takwa, rajin sedekah, menjaga salat lima waktu, dan berpegang teguh serta menjaga batas-batas syari'at.

Pada bagian akhir naskah terdapat kalimat "Tammat carita cinitra, kang pakreti Pangèraning Bènang" yang menandakan bahwa naskah ini memang benar karya Sunan Bonang (Bènang). Berikut ini petikan awal dan akhir teks naskah hasil alih aksara:

Bismillahirrahmanirrahimi, wabihi nasta'inu, alhamdulillahi rabbil 'alamin, wassalatu 'ala rasulihi Muhammadin wa ashabihi ajma'in.

Nyan punika caritanira Syekh al-Bari, tatkalanira apitutur dhateng mitranira kabèh, kang pinituturaken wirasaning Usul Suluk, wedaling carita saking kitab Ahya 'ulumuddin lan saking Tamhid.
(awal teks)

Hè mitraningsun sadaya! Bahula si akèh, yen ingsun tutura sawirasaning sastra, anging sira dèn sami awedi ing Pangèran, aja sira salah simpang, sami sira amriha kasidan.

Tammat carita cinitra, kang pakrèti Pangèraning Bènang.
(akhir teks)

DESKRIPSI

Deskripsi Naskah Serat Usul Suluk
Judul
Luar : -
Dalam : -
Tipe : Naskah
Bentuk : Gancaran (prosa)
Bahasa : Jawa
Aksara : Jawa
Penyusun
Peran : Penyusun
Peran ref. : Kang pakreti
Nama depan : Pangèran
Nama belakang : Bènang
Jilid
Jilid ref. : 1
Halaman : 88
Kosong : 5
Sampul : Karton tebal
Sumber
Dari : Universitas Leiden, Belanda
Katalog : MS. Orient
Tipe media : Digital (PDF)
Ukuran : 23 x 16 cm.
Ukuran teks : 19 x 13 cm.
Tulisan : Rapi, jelas terbaca
Penomoran : Or. 1928
Digitalisasi
Pemindaian : Universitas Leiden

ALIH AKSARA

Bismillahirrahmanirrahimi, wabihi nasta'inu, alhamdulillahi rabbil 'alamin, wassalatu 'ala rasulihi Muhammadin wa ashabihi ajma'in.

Nyan punika caritanira Syèkhul Barri, tatkalanira apitutur dhateng mitranira kabèh, kang pinituturaken wirasaning Usul Suluk, wedaling carita saking ki[1]tab Ahya 'ulumuddin, lan saking Tamhid, antukira Syèkhul Bari, amethèti ti(ng)kahing sisimpenan, ing nabi wali mu'min kabèh.

Mangka akecap Syekh Barri, kang sinalametaken dèning Pangèran: "Hè mitraningsun sira kabèh, dèn sami angimanaken wirasaning Usul Suluk, i(ng)kang kapethèt ti(ng)kahing anaksèni ing Pangèran, miwah kawruhana yan Sira Pangèran, tunggal tan kakalih, saksènana yan Sira Pangèran, asifat Sadya Suksma, Mahasuci tunggalira, tan ana papadhanira, Kang Mahaluhur.

Hè mitraningsun, dèn sami amiharsaha, sampun sira sak malih, dèn sami aneguhaken, sampun gingsir idhepira, iki si lafalè, tingkahing anaksèni ing Pangèran, wa asyhadu an lailaha illallahu, wahdahu la syarikalah, wa asyhadu anna Muhammadan rasulullahi, tegesè iku ingsun anaksèni [2] kahananing Pangèran, kang anama Allah, kang asifat Sadya Suksma, Langgeng Kekel, Wibuh Sampurna, Purba Kadim, sifatira Mahasuci, orana Pangèran sabenerè, anging Allah uga Pangèran Kang Sinembah, sabenerè Kang Agung.

Hè mitraningsun, sang siptanè lafal "ora" iku, dèning sampun awit itbat karihin, nora malih anaksènana i(ng)kang nora, yakti tanpa wiyos idhepè wong iku menè, kalawan ingsun anaksèni yan Bagindha Muhammad kawulaning Allah kang sinihan, ingutus agama Islam, iya iku i(ng)kang tinut dèning nabi, wali mu'min kabèh.

Hè mitraningsun, karana satuhune lafal "nora" iku, nora malih angorakna satuhuning Allah, Pangèran, nora malih angorakna Pangèran siya-siya, tegesing siya-siya iku, kadi ta ana[3]pèken barang kakasihè, nora malih yan mo(ng)konoa, salah tunggal dèn orakna kufur uga wong iku menè, kèwala si lafal "nora" iku, sikeping wong kang sinung wasil paningalè, kang antuk pasthining iman sakadarè, ika, kèwala lafal "nora" iku i(ng)kang andelingaken Mahasucining Pangèran, yan tunggal tanpa kufu, iku siptanè, Kang Anduwèni Sabda iku, lan orana papadhaning Allah, Pangèran.

Hè mitraningsun, sang siptanè lafal kang ing ngorakaken iku, iya i(ng)kang ngorana pisan papadhaning Allah, Pangèran, tegesing sang sipta iku, dèning mantep ananira uga kang andelingaken ing Mahasucinira ing Piambekira, mapan orana kang liyan saking Allah Pangèran, kaya apa ta idhepè wong iku menè, yan anaha papadhaning Pangèran, duk sadurungè angucap: "orana Pangèran iku" [4], wus pasthi ing idhepè yan anging Allah Pangèran Kang Sabenerè, Kang Sinembah Kang Pinuji, Kang Tunggal Andadèken, satuhunè Kang Agung.

Mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè mitraningsun, karana i(ng)kang nafi iku, sawusing itbat, karana duk angucap: "orana Pangèran" iku, wus awit itbat, anging Allah uga Pangèran Kang Sabenerè, iku salametè ujar ingsun iku, anapon kaping-kaping kalih kang ingitbataken, i(ng)kang anama Allah, Kang asifat Sadya Purba, Langgeng Kekel Agung Mahasuci, iku wiyosing nafi itbat, utawi pasthining nafi itbat iku lungguhè ing kawula uga, kang ingitbataken ta kahananing Allah uga, Kang asifat Sadya, mapan saos kang inganakaken, lan kang ingorakaken iku, sang sipta tan liyan ananira uga, kang andelingaken Maha[5]sucining Piambekira, kèwala si pangèstuning kawula iku, anut umiring saking pangakening wahdahu la syarikalah ira, anaksèni ing tunggaling katunggalaning Mahasucini(ng) Piambekira.

Mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè mitraningsun, karana satuhunè ingsun anaksèni, anging Allah Pangèran Kang Sabenerè, Kang Anitah Angrèh, ing sembah puji kabèh, dadi syuh sirna paningal ingsun ing jiwa raga iki, tuwi sihi(ng) sembah puji ika, anging Kang Sadya Mahasuci kèwala, Langgeng Amuji Pinuji ing pamujinira, tan owah tan gingsir tan asifat wali-wali, Sadya Purba, tanpa wiwitan tanpa wekasan.

Hè mitraningsun, aja sira kadi ujaring wong sasar, iki si ujaring wong sasar iku, Abdul Wahid aranè, mangka angucap Abdul Wahid, ibni Makiyah, anak pandhita Mekah ika, atunggul sastra, tan a[6]patut kalawan tegesè, iki si lafalè:

"Al 'athlu qadimun, wa huwa nafsul muthlaqi, wa huwa dzatullahi ta'ala, haqqun ma'budun", tegesè kang liwung sadya iku, iya iku Dzatullah, sabenerè Pangèran Kang Sinembah, walakin laisa lidzatihi wakifun, tatapi ta nafining Allah, liwunging Allah iku nora yan suwunga, walakin qabla khalqi rasuli Muhammad, tatapi ta sadurunging andadèken Nabi Muhammad, anging Sira Pangèran kang ana dhèwèk tanpa rowang, norana kawula sawijiha, kadi ta angganing sungging sadurunging andadèken panuli(s), sadurunging anulis, iya iku tegesing liwung nafi Dzatullah, nora ing dhèwèkè, norana i(ng)kang angawikanana, ing Dhèwèkira, norana amuji ya ing ananè, anging sifatè amuji ing Dzatè, iku sadurung andadèken Ra[7]sulullah, norana sakuthunira, nora kaya apa, kaya iku liwung Dzatullah, anapon sawusing andadèken Rasulullah, iku mina(ng)ka kanyatahaning Dzatullah, iya Rasulullah iku saosik lawan Dzatullah, iya iku i(ng)kang ngawdrat ta ha pardana kabèh, iya i(ng)kang pardana iku saosik lawan sih nugrahaning Allah, iya sakathahing dumadi iki mina(ngka) tuduhing Allah".

Mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè mitraningsun, pamanggih ingsun ta nora mongkono, kaya Abdul Wahid iku, karana satuhunè pangucapè Abdul Wahid iku kufur ing patang madahab, Dzatullah dèn arani nafi, nora ing dhèwèkè, kalawan Sira Pangèran dèn arani, durung andadèken ing Rasulullah, durung andadèken ing sawiji-wiji, iku kufurè, karana satuhunè kahananing Pangèran, Sadya Purba [8] Karihin, sadurung ana Rasulullah, kalawan sadurung ananing sawiji-wiji, kahananing Allah Mahasuci lan sasifatira Khalèk, ananira Sadya Langgeng, Amuji Pinuji ing Piambekira, Purba tan asifat wali-wa(li), mapan Langgeng Kekel ananira Mahasuci tan bastu jisim, tanpa timbalan tanpa lalawanan, rèhing langgeng ananira Mahasuci.

Mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè mitraningsun, Abdul Wahid angucap: "kang liwung dèn tegesaken maring ora" iku pon kufur, karana tegesing liwung iku Suksmaning Pangèran, Mahasuci Sadya ananira, tan ana wikana ing Suksmanira, tan liyan Piambekira uga, punika rekè tegesi(ng) kang liwung sadya weruh ing Suksmanira Piambek, kadi ta kecaping Abdul Wahid: "sakathahing dumadi dèn arani tuduhing Allah", iku pon kufur, satuhunè tegesing tuduh iku Si[9]fatullah, utawi anuduhaken iku, sifat nugrahaning Allah, iku, ana korup ing paèkan, tuduh lan anuduhaken iku, dadi ingaran salwiring dumadi iki, tilas kanyatahan, ing tuduh sifat nugrahaning Allah, ika tan ana i(ng)kang akarya.

Hè mitraningsun, ana si kecaping wong sasar satengah, i(ng)kang ana iku Allah, i(ng)kang ora iku Allah, dèn tegesaken oraning Allah iku, nora andadèken, i(ng)kang angucap iku kafir, kang nora dèn arani ana gawènè, dèn tegesaken kang ora iku andelingaken Mahasucining Pangèran, nora dumeling Mahasucining Pangèran iku, yan tan anaha nora, karanè dumeling Mahasucining Pangèran iku dèning ora, kadi ta angganing wong alinggih ing asepi, kèderan dèning ora, iku nyata yèn sasar, [10] Mahasuci Sira Pangèran saki(ng) kadi akecap iku, karana satuhunè Sira Pangèran Kang Mahatinggi, Kang Mahaluhur, Suksma Mahasuci, tan kadhihinan dèning ora, tan sarta kalawan ora, tan kèderan dening ora, rèhing langgeng ananira, Mahasuci pasthine tanpa tuduhan.

Hè mitraningsun, mboya kang ora iku, kadiya wirasaning sastra, kadiya sifating Pangèran sifatu salbi, tegesing sifating Pangèran Mahasuci, tan kadi sawiji-wiji, anapon lam salab iku dudu malih sifating Pangèran, dudu malih sifating makeluk, kèwala si salab iku tantan, andelingaken padudoning kawula Gusti, tegesè sifating Pangèran tan kadi sifating makluk, sifating makluk tan kadi sifating Pangèran, tatapi ta salab iku nora yan angemaha dzat, Dzat Sifating Pangèran, sami angema sala[11]b, bèda salab iku lan kang ora iku, kang tan kinarsaken dèning Pangèran, dadi nora andelingaken Mahasucining Pangèran, iku pamanggih ingsun ing sastra, utawi i(ng)kang ngandelingaken Mahasucining Pangèran iku, sarira kanugrahan, saking sih nugrahaning Pangèran uga, iku kang angèstoken, anut umiring saking sih pangakenira, andelingaken Mahasucinira, yan tunggal tan kakalih, iku wiyosing anaksèni ika, mapan sabdaning wong arif ika, nora anguninga nafi itbat malih, anging wiyosè kèwala, kang ingitbataken, iya kadi iku wiyosè, sampurnaning nafi itbat iku, dèning sampun anunggal paningalè.

Mangka anabda Syèkhul Barri, kang sinung rahmat dèning Pangèran, singgih puniku kang atuduh marga agung abener. Hè mitraningsun, kalawan ingsun anaksèni satuhunè anging A[12]llah Kang asifat Sadya Asih, Anjatèni, tan antara sapolahi(ng) kang sinihan, amenuhi sih nugrahanira, dadi nir anani(ng) kang sinihan, tansah anut i(ng)geking sihing Dzatullah, iku wiyosing panarimani(ng) kang lewih-lewih ika, karana rekè yan tan mangkanaha wiyosè idhepè wong iku, nispra tur anyana, tan weruh i(ng) wadinè.

Mangka matur Rijal ing Syèkh Barri, sarwi asubakthi: "Ya Guru hamba, anenggèh ta rekè osiking jiwa raga puniki, sarta lan sih nugrahaning Pangèran", mangka akecap Syèkh Barri: "Hè Rijal, iya ujarira iku, anging maksih amilang paèkan, ingsun ta Rijal, ora mongkono, osiking jiwa raga iku enir, anging Dzatullah kèwala, kang angansdeh anirnaken anani(ng) kang sinihan ika, mapan ta rekè panarimani(ng) kang lewih-lewih iku saos-saos, ing martabating pamanggih, kapinanggih [13] ananira, Kang Tunggal tanpa kufu, Kang asifat Sadya sasifatira apaèkan, kadi asmanira sangang puluh sasanga, jangkep dhateng nama Allah, tegesè sasanganing tunggal, tegesè paèkaning sasifatira, tan liyan ing ananira uga.

Ma(ng)ka matur Rijal, sarwi asubakthi anuhun ijeng: "Ya Guru hamba Syèkhul Barri, kadi punendi ing tampa, tegesing dalil tekanè saking Allah, uliyè maring Allah?", mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè Rijal, tegesè puji saking Allah, pinujèken iya ing Allah, iku salametè, Hè Rijal, ujar ingsun ta, tekanè saking tan liyan, uliyè mari(ng) tan liyan, mangka matur Rijal: "Ya Guru hamba, kadi punendi siptanè andika Tuwan puniku?", Hè Rijal, tegesè ujar ingsun iku, sang sipta kadi ta upamaning angilo, ananè osikè tingalè, wawa[14]yangan ika kang angilo uga, iku tegesing saking ika, anapon tegesi(ng) tan liyan kang angilo andulu dinulu tan liyan pandulunira uga, iku wiyosè ujar ingsun iku.

Mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè mitraningsun, kadi ta ujaring Syèkh Abdul Wahid, Sira Pangèran dèrèng andadèken ing Rasulullah, dèrèng andadèken ing sawiji-wiji, lan durung anjatèni ing Rasulullah, pangucapè Syèkh Abdul Wahid iku kufur, kadi apa ta Sira Pangèran, andadèken iku awiwitana awekasana, karana satuhunè kahananing Pangèran, Kang Mahaluhur, asifat Sadya Agung Mahasuci, Langgeng Andadèken Anjatèni, Purba Kadim, tan asifat wali-wali, tan owah tan gingsir, tanpa wiwitan tanpa wekasan, rèhing langgeng ananira Mahasuci.

Mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè mitraning[15]sun, lan ingsun anaksèni kahananing Allahu Ta'ala, asifat Sadya Asih Anjatèni, aniraken agantèni ing sasolahing sarira kanugrahan, dadi enir ananing sarira kanugrahan, kagantèn kalingan ananè dèning wibuhi(ng) sih, kahanani(ng) kang anjatèni kèwala kang ngangalingi, anging ananira uga, Kang asifat Sadya Urip, Weruh Kawasa, Aningali, Amiharsa, Akarsa, Anabda, Purba, Mahasuci, Langgeng, Kekel, Amek(s)a, tan owah, tan gingsir, Amuji Pinuji, Asih Sinihan, ing Piambekira, Hè mitraningsun, iki si lafalè: "Syahidtu nafsi", tegesè Sira Pangèran anaksèni ing Mahasucining Piambekira, agung ngakeni sifat Kahananira, purba ing Dhèwèkira, tunggaling Katunggalanira, agung ing Kagunganira, ratu ing Karatonira, langgeng amuji-pinuji i(ng) Piambekira.

Mangka anabda Syèkhul Barri: [16] "Hè mitraningsun, iku sampurnaning anaksèni, i(ng)kang kaptha ing sahadat ika, iku wiyosi(ng) kang winuwus kèh-akèh ika".

Mangka matur Rijal, sarwi asubakthi: "Ya Guru hamba, kadi punendi wirasaning sastra punika, masalah 'isqi 'asèq ma'asuq", mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè Rijal, tegesi(ng) 'isqi iku sifatira, tegesing 'asèq iku ananira, tegesing ma'asuq iku af'alira, mapan paèkaning sasifatira, tan liyan ing ananira, mapan sasifatira sarta andadèken, tan anantaranira, anani(ng)kang agawè lan kang ginawè, tan ana kari karuhun, tegesè tansèng karsa parekipun, kadi sartanira andadèken, khaliqul makhluq, kun fayakun, iku tegesing sarta kang agawè kalawan kang ginawè, mapan sadurunging nganaken ananing kang jinatèn, lan anani(ng) kabèh iki, uwus pasthi ing Kawruhira, tekani(ng) wakthunè dadi ing [17] mangko iki, tan siwah ing Karsanira.

Hè Rijal, ingsun ta mèngkènè, kang 'esqi Dzatullah, kang 'aseq Dzatullah, ma'asuq Dzatullah", mangka matur Rijal: "Ya Guru hamba, kadi punapa sang sipta andika Tuwan puniku", mangka akecap Syèkhul Barri: "Hè Rijal, tegesè ujar ingsun iku, 'esqi Dzatullah birahi ing ananira, tegesing 'aseq Dzatullah, kang binirahèken ananira, tegesing ma'asuq Dzatullah, kang birahi tan liyan ing ananira uga, ika ta ing idhep dèning tan amarna paèkan malih, iku salametè, nora kaya ujaring wong sasar mangkana, kecapè tegesing 'esqi iku, duk durung birahi, tegesing 'aseq duk lagi birahi, tegesing ma'asuq, ambirahèken iku iya roh ilafi iku, ma'asuq ing afa'alullah, kang angucap iku kufur.

Ana wong sasar malih angucap: "iya namanè iya karsanè, iya namanè iya dzatè, iya dzat iya kar[18]sanè, iku amoring paèkan, tan weruh ing panunggale, iku karanè sasar". Mangka anabda Syèkhul Barri: "Hè mitraningsun, ana kecaping wong sasar malih, Kawibataniyah aranè, atu(ng)gul sastra, anging tan apatut lan tegesè, tan apatut lawan budhi, miwah ing Usul Suluk, kadi ta ing Tamhid, ing Ahya 'ulumuddin, norana kapanggih dèningsun, iku nyatanè yèn sasar, kadi angrupakaken sifating Pangèran, kadi angapesaken sifating Pangèran, kadi akecap sakathahing dumadi iki, sifating Allah, iku kufur, akecap: "endi sifating Allah", kang angucap iku dadi kafir, tegesè angapesaken i(ng) sifating Pangèran, sifating Pangèran, ora matèni, ora andadèken, ora anjatèni, ora wèh rijeki, pasthi kang [19] angucap iku dadi kafir, dèning anganakaken ingkang ora, tegesè iku makdumaken ing Pangèran, angucap: "Allahu Ta'ala, ora ing dhèwekè, ma'dum binafsihi, kang angucap iku dadi kafir!".

Mangka matur Rijal: "Ya Guru hamba kadi penendi puniku", dadiya kafira pun temen puniku, i(ng)kang akecap mangkaten punika", mangka akecap Syèkhul Barri: "Hè Rijal, kang angucap iku kafir temen, Allahu Ta'ala dèn arani ora andadèken, lan angapesaken sifating Pangèran, lan amurbaken ingkang ora, lan amor paèkaning sifating Pangèran, mapan narakanè kang angucap iku, awèt kapetekanèng dhasaring narakaning wong kafir, tuwin anthepè kawruhè wong mokono iku, paningal iki paningaling Allah, sifatè iki sifating Allah, pakaryanè iki pakaryaning Allah, pangucapè iki pangucaping [20] Allah, mapan tegesing Allah iku dzat, mangkana malih, osiking jiwa raga iki osiking Allah, iya iku traping Allah, asung èling, asung awas, kadi ta u(pa)maning gelepung, wos satu(ng)gal, ketan satu(ng)gal, mangka winor, esak punapa ta anaranana ewos, Hè Rijal, ika nyatanè yèn sasar, mapan bèda iku lawan andikaning Pangèran, ing dalem Qur'an: "marajal bahrèni yaltaqiyan, bènahuma barzahun la yabghiyan.

Tegesè kadi patemoning sagara kalih, asin lawan tawa, antha aranè iku, awor nèng rana nyatanè, tegesè ora kena aranana sagara, tan kena aranana toya tawa, utawi ta ing jenengè iku anta, tegesè iku dèning linewih saking toya kabèh, dadi anarima mamaningsisih ing sagara, anapon ing sampurnanè iku ta, tan ana [21]


Bersambung...

1 komentar: